News

Bisnis

Super Skor

Sport

Seleb

Lifestyle

Travel

Lifestyle

Tribunners

Video

Tribunners

Kilas Kementerian

Images

Lebaran 2021

Teks Naskah Khutbah Idul Fitri 2021 dalam Bahasa Jawa: Silaturahmi ing Swasana Pandemi

Penulis: Sri Juliati
Editor: Tiara Shelavie
AA

Text Sizes

Medium

Large

Larger

Jemaah mendengarkan khutbah seusai melaksanakan salat Idulfitri 1441 H berjamaah di halaman Masjid Nashrulloh, Kampung Bojongpeundeuy, Desa Cangkuang, Kecamatan Rancaekek, Kabupaten Bandung, Minggu (24/5/2020). Inilah contoh teks naskah khutbah Idul Fitri 2021 dalam bahasa Jawa yang berjudul Silaturahmi ing Swasana Pandemi yang ditulis KH Moh Muhsin.

TRIBUNNEWS.COM - Inilah contoh teks naskah khutbah Idul Fitri 2021 dalam bahasa Jawa yang berjudul Silaturahmi ing Swasana Pandemi.

Pada tahun ini, Idul Fitri 1442 H diperkirakan jatuh Kamis, 13 Mei 2021.

Saat Idul Fitri, umat Islam disunnahkan untuk melaksanakan shalat sunnah dua rakaat pada pagi hari atau yang disebut shalat Id.

Selepas shalat Idul Fitri, umat Islam dianjurkan untuk mendengarkan khutbah yang disampaikan imam.

Baca juga: Contoh Naskah Khutbah Idul Fitri 2021: Silaturahmi di Tengah Pandemi

Baca juga: Teks Naskah Khutbah Idul Fitri 2021: Idul Fitri dalam Kondisi Pandemi Covid-19

Bagi Anda yang mendapat tugas untuk berkhutbah selepas shalat Idul Fitri, berikut contoh teks naskah khutbah Idul Fitri 1442 H/2021.

Naskah khutbah Idul Fitri 1442 H ditulis Drs KH Moh Muhsin MH, Ketua Yayasan Perguruan Tinggi Nahdlatul Ulama Batoro Katong Ponorogo.

Lewat situs insuriponorogo.ac.id, KH Moh Muhsin menulis materi khutbah shalat Idul Fitri dalam bahasa Jaawa yang berjudul Silaturahmi ing Swasana Pandemi:

()

Ma'asyiral Muslimin, Rahimakumullah.

Mangga kita sami tansah ningkataken taqwallah SWT.

Kita tansah berusaha sekuat kemampuan, ngelampahi sedaya perintahipun saha nebihi awisan-awisanipun.

Mugi-mugi kita dipun lebetaken ewonipun tiyang muttaqiin, ingkang dipun mulyaaken Allah SWT.

Ma'asyiral Muslimin, Rahimakumullah.

Kita sami nembe mawon mungkur saking wulan ingkang mulya, wulan ingkang kebak kesaenan, kathah barokah, kathah ganjaran.

Pangapuntenipun Allah SWT, dipun grojokaken dumateng kawulanipun ingkang ngginakaken wulan menika kagem ngathah-ngathahaken ngibadah.

Wulan Ramadhan, pantes kawastanan wulan Hablum Minallah, wulan ingkang ngraketaken hubunganipun kawula dumateng Allah SWT.

Wonten ing wekdal menika kita lumebet dateng wulan Syawal, wulan panggenanipun kita sami anjangkepi amaliyah sae sak dangune wulan Ramadhan.

Pramila wulan meniko pantes kawastanan wulan Silaturahmi, wulan Hablum Minnanas, mempererat tali persaudaraan.

Dawuhipun Gusti Allah SWT QS. An-Nisa' , ayat 1:

اتَّقُوا اللّٰهَ الَّذِىۡ تَسَآءَلُوۡنَ بِهٖ وَالۡاَرۡحَامَ

"Lan wedia sira kabeh marang Gusti Allah SWT, kang kanthi asmane, sira kabeh padha butuhne antarane siji lan sijine lan sira kabeh padha nyambung paseduluran" (QS An-Nisa': 1).

Tafsir al-Baidlowi, Juz I, halaman 427

"Tegesipun wedia siro kabeh marang Gusti Allah lan wedio siro kabeh ing babakan sanak paseduluran. Mangka padha nyambunga sira kabeh marang sanak mau lan aja padha medhotake. Jer Gusti Allah wus paring pepiling kanthi jejerne antarane sanak paseduluran lan Asma Agung kangungane Gusti Allah SWT. Kang artine, nyambung sanak paseduluran iku ora adoh drajate karo ngegungake marang asma keagungane Allah SWT. (Tafsir al-Baidlowi, Juz I, halaman 427).

Ma'asyiral Muslimin, Rahimakumullah.

Syawal ing tahun menika sajak benten kalihan syawal-syawal sak derengipun.

Jer ing tahun menika, para manungsa sami nedeng-nedengipun berjuang keras menghadapi wabah penyakit ingkang rata sak donya.

Wonten ing swasana wabah ngaten menika, ingkang langkung sae inggih sami tentrem wonten ing daerah utawi wilayahipun piyambak-piyambak, boten medal ngliwati garis wilayahipun.

Dipun dawuhaken wonten ing setunggaling hadist Nabi:

(HR. Bukhari)

"Dipun riwayataken saking Siti 'Aisyah RA, bilih Rasulullah SAW paring dhawuh 'Yen ana wong kang ketekanan wabah banjur dheweke gelem tentrem ana ing daerahe kanthi sabar lan ngarep-ngarep ganjaran saking Gusti Allah, jer dheweke ngerti yen sak temene ala wae kang ngenani dheweke iku kabeh wus den tetepaken deneng Allah SWT, mangka wong mau bakal pikantuk ganjaran kang madhani ganjarane wong kang mati syahid.'"(HR. Bukhari).

Dipun jelasaken wonteng ing kitab Hsyiyah Al-Qalyubi:

Hasyiyah Al-Qalyubi : IV/415

"Sak perangan keterangan, haram hukumipun mlebet dateng daerah wabah, ugi medal saking daerah kala wau, keranten wontenipun awisan tumprap hal menika." (Hasyiyah Al-Qalyubi : IV/415)

Ma'asyiral Muslimin, Rahimakumullah.

Merangake kawontenan ingkang bertentangan, setunggal pentingipun sillaturrohim ing dinten riyadin lan setunggale malih inggih menika kahanan wabah ingkang dereng ical ngantos sak menika.

Pramila kita kedah berfikir saha bertindak secara bijaksana kanthi nindakaken samukawis secara 'Aham fal Aham'
mendahulukan yang lebih penting dari yang penting dan mendahulukan yang penting dari yang kurang penting; Jer
cara meniko ingkang langkung sae lan bijaksana.

Dipun dawuhaken wonten ing kitab Nadzmud Duror:

Nadzmud Duror : VII/254

"As-Syekh Ibrahim bin Umar bin Ali bin Abi Bakar al-Biqa'i, paring dhawuh 'Naliko ana wong kang sehat akale, dheweke dhisikake sing luwih penting ing antarane sing penting ana ing sadhengah urusan, sahingga dheweke isa milah-milih ing antarane perkara apik lan apik, mangka wong mau dherekna." (Nadzmud Duror : VII/254).

Kanti prinsip 'aham fal aham', pramila perkawis ingkang hukumipun fardlu dipun riyenaken saking perkawis ingkang wajib, perkawis wajib dipun riyenakaen saking perkawis sunnah lan sunnah dipun riyenaken saking fadlo'il.

Ma'asyiral Muslimin, Rahimakumullah.

Menawi kita manggihaken setunggling perkawis sak perangan merintahaken lan sak perangan malih ngelarang, mangka ingkang langkung sae inggih nebihi perkawis menika.

Ulama' ahli Ushul ngendika'aken:

Fi Anwa'il Furuq : VIII/281

"Yen ana perkara kang dadi perselisihan, antara hukum haram lan hukum wajib, mangka kudu den hukumi haram, ora keno dihukumi wajib. Jer ngreksa saking kerusakan iku luweh penting tinimbang ngupadi anane kemaslahatan" (Fi Anwa'il Furuq : VIII/281).

Umpaminipun lebaran kanti anjangsana dari rumah ke rumah, sak perangan merintahaken sebab meniko bentuk saking sillaturrohim, nanging sak perangan ngelarang, sebab bebayani wonten ing zaman pandemi menika.

Pramila ingkang langkung sae inggih tetep sillaturrohmi nanging boten mawi anjangsana, jer menghindari mafsadah langkung dipun riyenaken katimbang nguber wontenipun maslahat.

Mangga kita sami tafakkur lan tadzakkur wontenipun dhawuh dalem Allah SWT wonten ing Surat al-Isra', ayat 29:

وَلَا تَجۡعَلۡ يَدَكَ مَغۡلُوۡلَةً اِلٰى عُنُقِكَ وَلَا تَبۡسُطۡهَا كُلَّ الۡبَسۡطِ فَتَقۡعُدَ مَلُوۡمًا مَّحۡسُوۡرًا

"Lan sira aja andadek'ake tangan sira den banda ana ing gulu sira, semono uga aja bukak kelawan sekabehe bukak, mangka sebabe sira bakal tuna lan nelangsa" (Q.S. Al-Isra': 29).

Artosipun boten kengeng njitep ndipet ndelik ndepis, lawang omah tutup krekep, wong nggih wayahe bada, nanging ugi boten pareng umbar-umbaran.

Wosipun mejana; lan tumindak kanthi waspada.

Ma'asyiral Muslimin, Rahimakumullah.

Mugi-mugi kita tansah pikantuk perlindungan saha Rahmat ingkang kathah saking ngarsanipun Allah SWT.

Pinaringan tetep iman lan Islam istiqomah ngibadah, ingdalem swasana menapa kemawon. Amiin.

()

Khutbah II

()
()

Adapun naskah selengkapnya, dapat Anda lihat lewat tautan ini.

(Tribunnews.com/Sri Juliati)

Berita lain terkait Lebaran 2021

Dapatkan Berita Pilihan
di WhatsApp Anda

Berita Populer

Berita Terkini