Nikmati berita interaktif dan LIVE report 24 jam hanya di TribunX
Tribun

20 Contoh Soal PTS, UTS Mulok/Bahasa Jawa Kelas 5 SD Semester 2 K13

Inilah soal Penilaian Tengah Semester (PTS), Ujian Tengah Semster (UTS) mata pelajaran Mulok (Bahasa Jawa) kelas 5 SD Semester 2 Kurikulum 2013.

Penulis: Andari Wulan Nugrahani
Editor: Suci BangunDS
zoom-in 20 Contoh Soal PTS, UTS Mulok/Bahasa Jawa Kelas 5 SD Semester 2 K13
ISTIMEWA
Inilah soal Penilaian Tengah Semester (PTS), Ujian Tengah Semster (UTS) mata pelajaran Mulok (Bahasa Jawa) kelas 5 SD Semester 2 Kurikulum 2013 lengkap dengan kunci jawabannya. 

TRIBUNNEWS.COM - Inilah soal Penilaian Tengah Semester (PTS), Ujian Tengah Semster (UTS) mata pelajaran Mulok (Bahasa Jawa) kelas 5 SD Semester 2 Kurikulum 2013 lengkap dengan kunci jawabannya.

Sebelum mengikuti PTS, siswa dapat mengerjakan beberapa contoh latihan soal ini.

Sebaiknya siswa mengerjakan latihan soal terlebih dahulu sebelum menengok kunci jawaban.

Adapun contoh soal ini hanya sebagai panduan orang tua dalam memandu proses belajar anak.

20 Contoh Soal PTS, UTS Mulok (Bahasa Jawa) Kelas 5 SD Semester 2 K13

Wenehana tanda ping (x) ana ing aksara a,b,c lan d ing wangsulan kang bener ana lembar jawaban kang cumawis!

Rawa Pening

Ing Desa Banarawa duwe adat nganakake memetri desa saben taun. Kanggo memetri desa iku ana sarate yaiku kudu nggango daging kewan saka alas. Wis meh sedina muput Wong Banarawa durung nemu kewan siji-sijia. Sajrone ngaso salah sijine wong lungguh ana wit kang rubuh. Wong kuwi mau kaget amarga wit kang ditancepi peso blati metu banyune abang. Bareng diwaspadaake jebul getih ula. Sanalika ula banjur dipateni. Daging ula dienggo sarat memetri desa.

BERITA REKOMENDASI

Nalika samana ana Bocah Bajang teka marang Desa Banarawa,Bocah Bajang mau sejatine memblane ula sing padha dipateni wong desa ana ing alas .Ula kuwi mau sejatine yaiku ula Baru Klinting. Ula kang lagi tapa arep gayuh kamulya ning urip.Nalika weruh yen daginge ula wis mateng cumawis,Bocah Bajang marani Ki Juru Mathokan lurahe Desa  Banarawa.

“Kulo Nuwun,” Bocah Bajang ngaturake salam.

“He,sapa kowe?,”pitakon Ki Juru Mathakon.

“Kulo Baru Klinting. Kulo badhe nyuwun daging sawer, sakedhik kemawon,” kandhane Bocah Bajang.

“Kowe ora melu rekasa,arep njaluk daging? Sing rekasa bae durung ngrasakke. Kana lunga! Gek ambumu ya ora enak kaya ngene Lunga !,” jawabe Ki Juru Mathokan, karo senggol.

“Iya,bocah ora genah, Enggal ,lunga sing adoh!,”aloke wong-wong ing sacedhake Ki Juru Mathokan.

Bocah Bajang banjur lunga .Si Bajang tekan omah Mbok Randha. Senajan uripe rekasa Mbok Randha luhur budine. Seneng tetulung marang sapa bae. Mula tekane Si Bajang ditampa kanthi becik. Bocah Bajang diwenehi sega lan daging iwak ula. Sawise mangan, Bocah Bajang pamitan marang Mbok Randha.

“Mbok,kula nyuwun pamit.Kula gadhah weling sakedhik. Mangke  badhe wonten bena bandang.Mila kula suwun simbok nyawisaken lesung.Mangke simbok minggah  lesung.Mugi tansah manggih wilujeng,’’ Baru Klinting banjur lunga ninggalake omahe mbok Randha.

Baru Klinthing lunga menyang omahe Ki Juru Mathokan minangka panggonane pista memetri desa. Ing kana dheweke nancepake sada lanang ing tengah plataran. Baru Klinting banjur nantang bocah-bocah sing ana ing sacedake. Bocah-bocah padha nyoba mbedol nanging ora bisa.Kabeh wong njajal karosane siji-siji nagging ora ana sing bisa.Ki Juru Mathokan banjur nyusul melu nyoba tetep ora bisa mbedol sada.

Gandheng wis ora ana sing kuwat,Baru Klinting mbedol sada lanang wau. Sanalika tilas tancepane metu banyune gedhe. Saya suwe ngeleb Desa Banarawa. Wong-wong  ing Banarawa padha mati klelep. Mung Mbok Randha sing bisa slamet. Desa Banarawa ilang dadi rawa banjur katelah Rawa Pening,dumuning ing kukuban Ambarawa.

1. Syarat kanggo memetri ing Desa Banarawa yaiku…
a. Daging kewan saka ngomah
b. Daging kewan saka alas
c. Daging kewan laut
d. Daging kewan sapi lan kebo

2. Bocah Bajang mau sejatine ….
a. Membane ula sing dipateni
b. Ki Juru Martani
c. Mbok Randa
d. Ki Juru Mathakon

3. Lurah Desa Banarawa arane ....
a. Ki Lurah Bajang
b. Ki Juru Mondhokan
c. Ki Juru Martani
d. Ki Juru Mathokan

4. Sing mateni ula Baru Klinting yaiku ….
a. Ki Juru Mathokan
b. Bocah Bajang
c. Wong desa
d. Mbok Randha

5. Sing teka marani Ki Juru Mathokan amarga arep njaluk daging ula yaiku ….
a. Ki Lurah
b. Mbok Randha
c.  Wong desa
d. Bocah Bajang

6.Tumindake Ki Juru Mathokan kang kurang becik nalika ….
a. Maringi Bocah Bajang
b. Ngandhani Bocah Bajang
c. Marani Bocah Bajang
d. Ngusir Bocah Bajang

7. Sanajan uripe rekasa, Mbok Randha iku ….
a. Ngalah
b. Luhur budine
c. Medit
d. Drengki

8. Sing nyoba bedhol sada kang ditancepake bocah bajang kajaba….
a. Bocah-bocah Banarawa
b. Wong –wong Banarawa
c. Mbok Randha
d. Ki Juru Mathokan

9. Baru Klinting nancepake … ing tengah plataran omahe Ki Juru Mathokan.
a. Tongkat kayu
b. Kayu jati
c. Sada wulung
d. Sada lanang

10. Siji-sijine wong Banarawa sing bisa slamet ana ing crita dhuwur yaiku….
a. Wong-wong tua
b. Bocah Banarawa
c. Ki Juru Mathokan
d. Mbok Randha

11. Tilas tancepane sada metu banyune mulak-mulak gedhe .Wong ing Banarawa padha.…
a. Mmati klelep
b. Bungah bisa lelangen
c. Seneng ciblon
d. Njajal karosane

12. Sing dienggo Mbok Randha kanggo nyelametake awake yaiku ….
a. Prau
b. Lesung
c. Jukung
d. Gethek

13. Desa Banarawa dumunung ing tlatah ….
a. Ambarketawang 
b. Ambarawa 
c. Purbalingga
d. Semarang

14. Tujuane ula Baru Klinting tapa yaiku….
a. Gayuh kamulyaning urip
b. Dadi ula kang sekti
c. Cepet sugih
d. Dadi bocah sing kuat

15. Ing ngisor iki paraga crita Rawa Pening, kajaba….
a. Mbok Randha, Baru Klinting
b. Ki Juru Mathokan, wong Banarawa
c. Baru Klinting, Ki Juru Martani
d. Bocah Bajang, bocah Banarawa

16. Desa Banarawa duwe adat nganakake memetri desa saben taun.Tegese tembung adat yaiku….
a. Wis lumrahe
b. Ora lumrah
c. Piweling
d. Kekarepan 

17. Ing ngisor iki sing dudu tegese bajang yaiku….
a. Cilik
b. Awak
c. Kerdil
d. Cacat

18. Sanalika tilas tancepane sada metu banyune.Tembung banyu krama inggile….
a. Latu
b. Redi
c. Ludira
d. Toya

19. Paraga kang watake becik yaiku paraga….
a. Antagonis
b. Protogonis
c. Tritagonis
d. Panyengkuyung

20. Papan lan ana ngendi crita mau kedadeyan, klebu perangane….
a. Seting
b. Alur
c. Underan
d. Amanat

Jawaban

1. b. Daging kewan saka alas
2. a. Membane ula sing dipateni
3. d. Ki Juru Mathokan
4. c. Wong desa
5. d. Bocah Bajang
6. d. Ngusir Bocah Bajang
7. b. Luhur budine
8. c. Mbok Randha
9. d. Sada lanang
10. d. Mbok Randha
11. a. Mmati klelep
12. b. Lesung
13. b. Ambarawa 
14. a. Gayuh kamulyaning urip
15. c. Baru Klinting, Ki Juru Martani
16. a. Wis lumrahe
17. b. Awak
18. b. Redi
19. b. Protogonis
20. a. Seting

Disclaimer:

  • Jawaban di atas hanya digunakan oleh orang tua untuk memandu proses belajar anak.
  • Soal ini berupa pertanyaan terbuka yang artinya ada beberapa jawaban tidak terpaku seperti di atas.

(Tribunnews.com, Andari Wulan Nugrahani)

Dapatkan Berita Pilihan
di WhatsApp Anda
Baca WhatsApp Tribunnews
Tribunnews
Ikuti kami di
© 2024 TRIBUNnews.com,a subsidiary of KG Media. All Right Reserved
Atas