TRIBUNNEWS.COM - Acara halal bihalal keluarga besar menjadi momen penting untuk mempererat tali silaturahmi setelah Hari Raya Idul Fitri.
Dalam suasana penuh kehangatan, peran Master of Ceremony (MC) sangat dibutuhkan untuk memandu jalannya acara halal bihalal agar berjalan tertib dan berkesan.
Di wilayah tertentu, MC biasanya memilih menggunakan bahasa Jawa agar acara halal bihalal berlangsung lebih akrab, sopan, dan penuh makna.
Teks MC dalam bahasa Jawa juga mampu menciptakan suasana yang lebih kekeluargaan dan khidmat.
Sebagai referensi, berikut ini kumpulan contoh teks MC halal bihalal keluarga besar dalam bahasa Jawa yang bisa digunakan sesuai kebutuhan acara.
5 Teks MC Halal Bihalal Keluarga Besar dalam Bahasa Jawa
1. Versi Formal
Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Ingkang kinurmatan para sesepuh, para pinisepuh, saha sedaya anggota keluarga besar ingkang kula tresnani. Puji syukur konjuk dhumateng Gusti Allah SWT ingkang sampun paring rahmat lan karunia-Nipun, saengga kita sedaya saged makempal wonten ing acara halal bihalal menika kanthi wilujeng lan pinaringan sehat.
Shalawat saha salam mugi tansah kaparingaken dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang sampun nuntun kita saking jaman peteng dhateng jaman padhang benderang.
Para rawuh ingkang kinurmatan, minangka pambuka, sumangga kita aturi sesarengan maos basmalah supados acara menika saged lumampah kanthi lancar lan pinaringan berkah.
(Bismillahirrahmanirrahim)
Salajengipun, kula badhe maos susunan acara halal bihalal dinten menika:
- Pambuka
- Sambutan saking wakil keluarga
- Tausiyah utawi wejangan
- Doa
- Panutup
Mlebet acara ingkang kaping kalih, inggih menika sambutan saking wakil keluarga. Kula aturi dhumateng (asma) sumangga.
(MC matur nuwun sawise sambutan)
Salajengipun, kita mlebet acara tausiyah utawi wejangan ingkang badhe dipun aturaken dening (asma). Kula aturi kanthi hormat.
(MC matur nuwun sawise tausiyah)
Baca tanpa iklan