News

Bisnis

Super Skor

Sport

Seleb

Lifestyle

Travel

Lifestyle

Tribunners

Video

Tribunners

Kilas Kementerian

Images

Lebaran 2021

Teks Naskah Khutbah Idul Fitri 2021 dalam Bahasa Jawa: Silaturahmi ing Swasana Pandemi

Penulis: Sri Juliati
Editor: Tiara Shelavie
AA

Text Sizes

Medium

Large

Larger

Jemaah mendengarkan khutbah seusai melaksanakan salat Idulfitri 1441 H berjamaah di halaman Masjid Nashrulloh, Kampung Bojongpeundeuy, Desa Cangkuang, Kecamatan Rancaekek, Kabupaten Bandung, Minggu (24/5/2020). Inilah contoh teks naskah khutbah Idul Fitri 2021 dalam bahasa Jawa yang berjudul Silaturahmi ing Swasana Pandemi yang ditulis KH Moh Muhsin.

Wulan Ramadhan, pantes kawastanan wulan Hablum Minallah, wulan ingkang ngraketaken hubunganipun kawula dumateng Allah SWT.

Wonten ing wekdal menika kita lumebet dateng wulan Syawal, wulan panggenanipun kita sami anjangkepi amaliyah sae sak dangune wulan Ramadhan.

Pramila wulan meniko pantes kawastanan wulan Silaturahmi, wulan Hablum Minnanas, mempererat tali persaudaraan.

Dawuhipun Gusti Allah SWT QS. An-Nisa' , ayat 1:

اتَّقُوا اللّٰهَ الَّذِىۡ تَسَآءَلُوۡنَ بِهٖ وَالۡاَرۡحَامَ

"Lan wedia sira kabeh marang Gusti Allah SWT, kang kanthi asmane, sira kabeh padha butuhne antarane siji lan sijine lan sira kabeh padha nyambung paseduluran" (QS An-Nisa': 1).

Tafsir al-Baidlowi, Juz I, halaman 427

"Tegesipun wedia siro kabeh marang Gusti Allah lan wedio siro kabeh ing babakan sanak paseduluran. Mangka padha nyambunga sira kabeh marang sanak mau lan aja padha medhotake. Jer Gusti Allah wus paring pepiling kanthi jejerne antarane sanak paseduluran lan Asma Agung kangungane Gusti Allah SWT. Kang artine, nyambung sanak paseduluran iku ora adoh drajate karo ngegungake marang asma keagungane Allah SWT. (Tafsir al-Baidlowi, Juz I, halaman 427).

Ma'asyiral Muslimin, Rahimakumullah.

Syawal ing tahun menika sajak benten kalihan syawal-syawal sak derengipun.

Jer ing tahun menika, para manungsa sami nedeng-nedengipun berjuang keras menghadapi wabah penyakit ingkang rata sak donya.

Wonten ing swasana wabah ngaten menika, ingkang langkung sae inggih sami tentrem wonten ing daerah utawi wilayahipun piyambak-piyambak, boten medal ngliwati garis wilayahipun.

Dipun dawuhaken wonten ing setunggaling hadist Nabi:

(HR. Bukhari)

"Dipun riwayataken saking Siti 'Aisyah RA, bilih Rasulullah SAW paring dhawuh 'Yen ana wong kang ketekanan wabah banjur dheweke gelem tentrem ana ing daerahe kanthi sabar lan ngarep-ngarep ganjaran saking Gusti Allah, jer dheweke ngerti yen sak temene ala wae kang ngenani dheweke iku kabeh wus den tetepaken deneng Allah SWT, mangka wong mau bakal pikantuk ganjaran kang madhani ganjarane wong kang mati syahid.'"(HR. Bukhari).

Dipun jelasaken wonteng ing kitab Hsyiyah Al-Qalyubi:

Hasyiyah Al-Qalyubi : IV/415

"Sak perangan keterangan, haram hukumipun mlebet dateng daerah wabah, ugi medal saking daerah kala wau, keranten wontenipun awisan tumprap hal menika." (Hasyiyah Al-Qalyubi : IV/415)

Halaman
1234
Dapatkan Berita Pilihan
di WhatsApp Anda

Berita Populer

Berita Terkini