Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 8 Halaman 118 119 120 Uji Kompetensi Wulangan 6: Kirtya Basa
Kunci jawaban Bahasa Jawa Kelas 8 halaman 118 119 120 Kirtya Basa, Uji Kompetensi Wulangan 6, Mata Pelajaran Bahasa Daerah muatan lokal wajib SMP.
Penulis: Muhammad Alvian Fakka
Editor: Nuryanti
![Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 8 Halaman 118 119 120 Uji Kompetensi Wulangan 6: Kirtya Basa](https://asset-2.tstatic.net/tribunnews/foto/bank/images/bahasa-jawa-kelas-8-halaman-118-119-120-kirtya-basa-b-tr.jpg)
TRIBUNNEWS.COM - Kunci jawaban Bahasa Jawa Kelas 8 halaman 118 119 120 Kirtya Basa, Uji Kompetensi Wulangan 6.
Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 8 halaman 118 119 120 terdapat pada Buku Bahasa Jawa Kelas 8 Kirtya Basa Mata Pelajaran Bahasa Daerah sebagai muatan lokal wajib untuk SMP/MTs, Wulangan 6.
Artikel berikut akan menjelaskan kunci jawaban Bahasa Jawa Kelas 8 halaman 118 119 120 Kirtya Basa, soal pilihan ganda dan uraian, Uji Kompetensi Wulangan 6
Kunci jawaban Bahasa Jawa Kelas 8 halaman 118 119 120 Kirtya Basa ini dapat ditujukan kepada orang tua atau wali untuk mengoreksi hasil belajar.
Kunci jawaban Bahasa Jawa Kelas 8 halaman 118 119 120 Kirtya Basa
Uji Kompetensi Wulangan 6
A. Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi cara milih jawaban kang wis sumadya kang paling bener!
Damar ingkang paring tuduh janmi,
iki ana jrone Pancasila,
ing kono pepak isine,
uwis bener ditanggung,
tumrap kadang wajib ingudi,
ngerti lawan isinya,
lair batinpun,
tanpa iki janma rusak,
bubrah babreh angel banget den dandosi,
donya bakal kiyamat.
1. Pratelan kang ngandharake kahanane tembang kasebut yaiku….
a. dumadi saka 10 pada, 1 gatra
b. dumadi saka 10 wanda, 1 gatra
c. dumadi saka 10 gatra, 1 pada
d. dumadi saka 10 gatra, 1 wanda
Kunci Jawaban: C
2. Sing dimaksud guru lagu yaiku….
a. cacahing gatra ing saben tembang
b. cacahing gatra saben sawanda
c. tibaning swara ing pungkasaning gatra
d. cacahing wanda saben sapada
Baca juga: Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 8 Halaman 95, Tugas 2: Struktur Teks Layang Pribadi
Kunci Jawaban: C
3. Guru lagune tembang ing dhuwur yaiku....
a. i, a, i, u, i, a, u, a, i, a
b. i, a, e, u, i, a, u, a, i, a
c. i, a, u, u, i, a, u, a, i, a
d. i, a, o, u, i, a, u, a, i, a
Kunci Jawaban: B
4. Tembang ing dhuwur nduweni watak….
a. luwes
b. tresna, seneng
c. sereng, greget
d. sedhih, nelangsa
Kunci Jawaban: A
5. Rumpakan tembang macapat ing dhuwur kalebu ewoning tembang....
a. Gambuh
b. Kinanthi
c. Sinom
d. Dhandhanggula
Kunci Jawaban: B
6. Pranyatan kang jumbuh karo rumpakan/ rerepen kasebut yaiku….
a. lair batin diudi bisa dadi damar
b. Pancasila pepak iku isine lan ditanggung bener
c. janma saiki wis rusak lan angel banget didandani
d. kahanan saiki wis bubrah babreh
Kunci Jawaban: B
7. Damar ingkang paring tuduh janmi. Tembung janmi tegese....
a. sato kewan
b. manungsa
c. barang
d. urip
Kunci Jawaban: D
8. Dasanamane tembung damar yaiku….
a. diyan
b. geni
c. sorot
d. padhang
Kunci Jawaban: C
9. Titikane tembang macapat kajaba….
a. nganggo pathokan paugeran
b. basane Jawa kuna kabeh
c. bisa ditembangake tanpa iringan
d. nggunakake laras gamelan
Kunci Jawaban: D
10. Nembang macapat kuwi bisa kepenak dirungokake manawa pas karo titilarase. Sing dikarepake titilaras yaiku....
a. cakepan
b. pedhotan
c. cengkok
d. notasi
Kunci Jawaban: C
B. Wacanen tembang macapat ngisor iki, banjur wangsulana pitakonane!
Jago kluruk rame kapiyarsi
lawa kalong luru pandhelikan
jrih kawanen ing semune
wetan bang sulakipun
mratandhani wus bangun enjing
rembulan wus gumlewang
ing pucaking gunung
ing padesan wiwit obah
lanang wadon pan samya anambut kardi
netepi kuwajiban
1. Tulisen paugerane tembang ing dhuwur!
Kunci Jawaban:
- Jenising tembang: Tembang Dhandhanggula
- Guru gatra: 10 gatra
- Guru wilangan: 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7
- Guru lagu: i, a, e, u, i, a, u, a, i, a
- Cacahing pada: 1 pada
2. Gancarna tembang ing dhuwur
Kunci Jawaban:
Jago kluruk rame ing wayah isuk
lawa lan kalong padha ndelik
esuk kayak wis awan
ing wetan metu srengenge
tandhane esuk wis teka
mbulan wis ilang
ing puncak gunung
desa-desa padha abah
lanang wedon netepi kewajiban
3. Critakna isine tembang ing dhuwur!
Kunci Jawaban:
Tembang ing nduwur nyritakake kahanan wayah esuk, srengenge wis metu, lanang wedon padha makarya.
4. Pesan moral apa sing bisa kojupuk saka tembang ing dhuwur?
Kunci Jawaban:
Kita kedah sregep lan tangi esuk supaya bisa netepi kewajiban.
![Cover Buku Bahasa Jawa Kelas 8 Kirtya Basa](https://asset-2.tstatic.net/tribunnews/foto/bank/images/buku-bahasa-jawa-kelas-8-kirtya-basa-rewg.jpg)
*) Disclaimer: Artikel ini hanya ditujukan kepada orangtua untuk memandu proses belajar anak.
Sebelum melihat kunci jawaban, siswa harus terlebih dahulu menjawabnya sendiri, setelah itu gunakan artikel ini untuk mengoreksi hasil pekerjaan siswa.
(Tribunnews.com/ Muhammad Alvian Fakka)
Kirim Komentar
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.