Tunggu 3.0 detik untuk membaca artikel
Aplikasi Tribun
Tajamkan Wawasanmu,
Suarakan
Opinimu
KLIK DI SINI
Tribun
LIVE ●

50 Soal Bahasa Jawa Kelas 3 Semester 2 dan Kunci Jawaban

Simak kumpulan contoh soal PAS/ASAS/PAT/ASAT Bahasa Jawa kelas 3 semester 2 Kurikulum Merdeka, lengkap dengan kunci jawabannya. 

Tayang:
Baca & Ambil Poin
Penulis: Nurkhasanah
Editor: Bobby Wiratama
zoom-in 50 Soal Bahasa Jawa Kelas 3 Semester 2 dan Kunci Jawaban
Tribunjatim.com/PURWANTO
SOAL LATIHAN - Siswa baru mengikuti upacara bendera saat hari pertama masuk sekolah pada tahun ajaran baru 2025-2026 di SDN 2 Kebonsari Kota Malang, Jawa Timur, Senin (14/7/2025). Simak kumpulan contoh soal PAS/ASAS/PAT/ASAT Bahasa Jawa kelas 3 semester 2 Kurikulum Merdeka, lengkap dengan kunci jawabannya.  

20. Anak asu arane kirik. Yen anak bebek arane ....
a. meri
b. minthi
c. kuthuk
d. piyik

Jawaban: a

Baca juga: 50 Soal Bahasa Inggris Kelas 3 Semester 2 Kurikulum Merdeka dan Kunci Jawaban

Wacanen kang teliti!

Pandhawa Lima

Pandhawa iku ana lima, yaiku: Puntadewa utawa Yudhistira, Bima utawa Werkudara, Arjuna utawa Janaka, Nakula lan Sadewa.
Prabu Pandhu lan Dewi Kunthi kagungan putra telu, yaiku: Puntadewa, Bima lan Arjuna. Dene karo Dewi Madrim kagungan putra loro kembar, yaiku Nakula lan Sadewa.
Para Pandhawa iku sekti mandraguna, ora duwe watak gumedhe lan sombong. Watake tansah andhap asor, sopan santun, ngajeni marang sapa wae. Luwih - luwih marang rama lan ibu, sedulur tuwa lan ibu guru.

21. Raden Janaka satriya ing....
a. mandura
b. madukara
c. maduraka
d. maospati

Jawaban: b

Rekomendasi Untuk Anda

22. Pandhawa iku ana pira?
a. lima
b. loro
c. limalas
d. pitu

Jawaban: a

23. Pandhawa iku putrane sapa?
a. Prabu Pandhu Dewanata
b. Pandhu
c. Bima
d. Dewi Madrim

Jawaban: a

24. Kepriye watake para Pandhawa?
a. asor
b. andhap
c. andhap asor, sopan santun
d. santun

Jawaban: c

25. Wayang mau bengi... laire Raden Gathotkaca. Ukara kasebut benere ...
a. critane
b. lakone
c. dongenge
d. judule

Jawaban: b

26. Gambang suling kumandhang ...
Thulat thulit kepenak ...
Uuuunine mung nrenyuhake
Tembung kang trep kanggo ngiseni ceceg-ceceg tembang ing dhuwur yaiku ....

a. swarane, unine
b. unine, kendhangane
c. swarane, swarane
d. swarane, kendhangane

Jawaban: a

27. Ibu tindak pasar arep...
a. dolan
b. blonjo
c. priksa
d. mbayar

Jawaban: B

28. Ukara cebol nggayuh lintang kuwi klebu...
a. peribasa
b. parikan
c. saloka
d. cangkriman

Jawaban: C

29. Kuthuk iku anake...
a. sapi
b. wedhus
c. pitik
d. tikus

Jawaban: c

30. Tembung abang-abang lambe klebu...
a. geguritan
b. parikan
c. bebasan
d. cangkriman

Jawaban: c

Wacanen teks tembang ing ngisor kanggo mangsuli pitakon nomer 31-34!

Sinten numpak sepur lunga nyang Kediri
Wong niki sepur dhur bayare setali
Sinten trima nggonceng konangan kondhektur
Yen didhendha seceng napa boten kojur

31. Tembang dolanan ing dhuwur kanggo ngenalake babagan ....

a. piranti musik
b. piranti dolanan
c. solahe kewan
d. piranti transportasi

Jawaban: d

32. Yen didhendha seceng napa boten /kojur.
Tegese tembung kang kacithak miring yaiku ....

a. bungah
b. cilaka
c. isin
d. slamet

Jawaban: b

33. Sepur sing ditumpaki mlaku tumuju ing Kutha ....

a. Blitar
b. Jember
c. Kediri
d. Malang

Jawaban: c

34. Surasaning tembang dolanan ing dhuwur yaiku ....

a. numpak sepur kudu tuku karcis luwih dhisik
b. numpak sepur kena nunut wong liya
c. numpak sepur saka stasiun
d. lelungan numpak sepur amar ga prabeyane luwih murah

Jawaban: a

35. Ing tembang “Menthog-Menthog”, paraga menthog dikandhani supaya ora ngetok lan ngisin-isini lan dikongkon turu ana ing ....

a. pawon
b. kandhang
c. plataran
d. tegalan

Jawaban: b

Baca juga: 40 Soal Pendidikan Pancasila Kelas 3 Semester 2 Kurikulum Merdeka dan Kunci Jawaban

36. Tembang dolanan bisa kanggo ngenalake bocah karo saperang-an babagan. Upamane sato kewan, sato iwen, kahanan alam, lan sapanunggalane. Dene tembang dolanan kang nyritakake kewan sing sikile kaya bumbung lan mripate kaya laron yaiku kewan ....

Kunci Jawaban: 

a. menthog
b. kidang
c. kupu
d. gajah

Jawaban: a

37. Aksara Jawa cacah 20 kang durung kawuwuhan sandhangan diarani ....

a. aksara swara
b. aksara sandhangan
c. aksara legena
d. aksara rekan

Jawaban: c

38. Ing tembang “Padhang Wulan” ana gatra kang unine padhang wulan padhange kaya rina. Tembung rina tegese ....

a. esuk
b. awan
c. wengi
d. sore

Jawaban: b

39. Tembang dolanan sanadyan tetembungane prasaja, nanging ngandhut piwulang kautaman kanggo mangun karakter utama marang bocah. Tuladha tembang dolanan yaiku “Wajibe Dadi Murid”. Tembang kasebut uga ngandhut pitutur. Dene piwu lang sing dikarepake yaiku .... 

a. menawa dipasrahi jejibahan utawa ngayahi gawean kudu katindakake kanthi temen ora kena sakepenake
b. mulangake rasa urmat lan ngajeni marang wong sing luwih tuwa utawa duweni drajat kang luwih dhuwur
c. minangka murid duwe kuwajiban ora kena pijer pamit kajaba lara tenan lan menawa wis mari kudu enggal mlebu ing pamulangan
d. ngajarake mandhiri lan ora ngrugekake wong liya sanadyan kanthi laku kang lon-lonan

Jawaban: c

40. Gatekna pratelan ing ngisor!

Nemtokake objek sing arep dideskripsikake.
Nglumpukake katrangan kanthi maca.
Nyathet perangan-perangan bab kanthi tlesih.
Nemtokake paraga kang arep ditulis.

Bab-bab kang kudu ditindakake kanggo nulis karangan deskriptif katuduhake nomer ....

a. (1) lan (2) 
b. (2) lan (3)
c. (1) lan (3) 
d. (3) lan (4)

Jawaban: c

41. Jinising tembang kang ora kawengku ing paugeran tartamtu diarani tembang ....

a. dolanan
b. tengahan
c. gedhe
d. macapat

Jawaban: d

42. Ing ngisor iki kang kapisan ditindakake nalika nulis wacan deskripsi yaiku ....

a. nyathet perangan bab kanthi tlesih
b. ngumpulake katrangan kanthi jingglengi bab kang arep ditulis
c. nliti lan benerake ukara supaya dadi karangan kang becik
d. nemtokake objek kang arep ditulis

Jawaban: d

43. Gilang nulis karangan sing isine nggambarake sesawangan pante lan segara kang ditemoni nalika plesir. Gilang nulis kaendahan kang ditemoni. Karangan kang ditulis dening Gilang klebu jinis ....

a. deskripsi 
b. persuasi
c. narasi 
d. eksposisi

Jawaban: a

Gatekna paragrap ing ngisor kanggo mangsuli pitakon nomer 44 lan 45!

Umbul Sidomukti minangka papan wisata kang nengsemake amarga hawane adhem. Umbul Sidomukti manggon ing 1.200 mdpl. Umbul Sidomukti dumunung ing pereng Gunung Ungaran, prenahe ing Desa Sidomukti, Jimbaran, Kecamatan Bandungan, Kabupaten Semarang, Jawa Tengah.

Ing Umbul Sidomukti, para pengunjung bisa ngrasakake kopi ing Pondok Kopi. Uga bisa ngrasakake flying fox, kang dawane lintasan 110 meter kanthi dhuwur 70 meter. Ana uga paralayang tandem saengga pengunjung bisa ngrasakake mabur ing akasa sasuwene 15 menit nganti sejam ing dhuwur 1.700 mdpl banjur mudhun ing lapangan bal Sidomukti.

44. Kang ora diandharake sajroning wacan yaiku ....

a. dununge Umbul Sidomukti
b. fasilitas ing Umbul Sidomukti
c. dalan tumuju Umbul Sidomukti
d. kaendahan Umbul Sidomukti

Jawaban: c

45. Adhedhasar surasane, wacan ing dhuwur klebu deskripsi ....

a. objektif 
b. subjektif
c. naratif 
d. spasial

Jawaban: a

46. Ing ngisor iki kang kapisan ditindakake nalika nulis wacan deskripsi yaiku ....

a. nyathet perangan bab kanthi tlesih
b. ngumpulake katrangan kanthi jingglengi bab kang arep ditulis
c. nliti lan benerake ukara supaya dadi karangan kang becik
d. nemtokake objek kang arep ditulis

Jawaban: d

47. Sawiyah iku arane anak…
A. Kucing
B. Cicak
C. Bunglon
D. Baya

Jawaban: B

48. Rikmane simbah sampun kathah ingkang pethak. Tegese pethak yaiku…

A. Abang
B. Ireng
C. Kuning
D. Putih

Jawaban: D

49.  ….. Asmane bapakmu? Isine ceceg-ceceg sing trep ing ngarep yaiku…

A. Sapa
B. Ngapa
C. Pira
D. Apa

Jawaban: A

50. ….. Cacahe sedulurmu? Isine ceceg-ceceg sing trep ing soal iku yaiku…

A. Pira
B. Ngapa
C. Sapa
D. Kapan

Jawaban: C

(Tribunnews.com/Nurkhasanah)

Sesuai Minatmu
Halaman 4/4
Dapatkan Berita Pilihan
di WhatsApp Anda
Klik Di Sini!
Baca WhatsApp Tribunnews
Tribunnews
Ikuti kami di

Kirim Komentar

Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.

Berita Populer
Berita Terkini
Atas