News

Bisnis

Super Skor

Sport

Seleb

Lifestyle

Travel

Lifestyle

Tribunners

Video

Tribunners

Kilas Kementerian

Images

Lebaran 2023

Teks Khutbah Idul Fitri 2023 dalam Bahasa Jawa Singkat

Penulis: Sri Juliati
Editor: Daryono
AA

Text Sizes

Medium

Large

Larger

Ribuan umat muslim melaksanakan Salat Idul Fitri 1 Syawal 1443 Hijriah di Kawasan Jatinegara, Jakarta Timur, Senin (2/5/2022). Simak contoh teks khutbah Idul Fitri 2023 dalam Bahasa Jawa yang singkat dan berjudul Wangsul Dateng Fitrah.

Tiyang ingkang sampun saged kados mekaten kawastanan 'muttaqien' wong kang takwa.

Lan menikalah tujuan kita didhawuhi siyam kados ingkang nembe kita lampahi.

Tujuan punika, Insya Allah, mboten mustahil saged dipun kasilaken sinten kemawon uger nalika siyam tiyang wau buka lan sauripun ingkang halal lan mboten nate ngendikan ingkang awon lan mboten nglampahi ingkang mboten sae.

Timbang ngendikan ingkang awon langkung sae mendel lan timbang nglampahi ingkang mboten sae langkung sae tilem.

هللاه أكرب أهلل أكرب أهلل أكربه وهلله احلمد

Kewajiban ngawula dateng Allah keraos sanget pribadi, kangge piyambak thok.

Ing mangka manungsa punika makhluk ingkang langkung remen gesang sesarengan.

Mila mesthi wonten kewajiban sanes ingkang murakabi dateng masyarakat.

Punapa niku? Nalika Gusti Allah bade nyiptaaken manungsa, ngendika:

إِنِّي جَاعِلٌ فِي الْأَرْضِ خَلِيفَةً

"Sak temene, ingsun bakal ndadeaken khalifah ana nduwur bumi iki."

Khalifah tegesipun ingkang nggantosi, ingkang makili. Dados manungsa dipun damel Gusti Allah minangka wakilipun Gusti wonten sak lumahing bumi punika.

Lan kewajiban pokok minangka khalifah punika nyebaraken rahmat lan asih, mrataaken keadilan lan mujudaken raos aman dateng sedayanipun.

Mila, saestunipun, sedaya tiyang kedah ikhtiyar mriku lan mangkenipun wohing ikhtiyar ugi dipun unduh piyambak.

Nderek pangandikan Imam Abu Ishaq asy-Syirozi, ingkang langsung diparingi

Rasullah saw liwat impenipun:

من اراد السالمة فليطلبها ىف سالمة غريه

"Sapa wonge kepengin slamet kudu gelem nggoleki slamete wong liya."

Dados, sinten kemawon ingkang kepengin wilujeng, mboten kenging nglampahi perkawis ingkang saged damel mboten slametipun tiyang sanes, damel ruginipun tiyang sanes.

Saged dipun terasaaken, sinten kepengin wontenipun keadilan mboten kenging mboten adil.

Sinten kepengin aman mboten kenging damel mboten amanipun tiyang sanes.

هللاه أكرب أهلل أكرب أهلل أكربه وهلله احلمد

Jama'ah shalat 'Ied ingkang minulya

Wosipun, 'Iedul Fithri ngajak kita sedaya wangsul nyadari kita minangka makhluk lan manungsa, ingkang kedah ngawula bekti lan dados khalifah Allah wonten ngalam dunya punika.

Mangga kita upayakaken sesarengan.

Teks khutbah Idul Fitri 2023 dalam bahasa Jawa: Wangsul Dateng Fitrah (pcnucilacap.com)
Teks khutbah Idul Fitri 2023 dalam bahasa Jawa: Wangsul Dateng Fitrah (pcnucilacap.com)

Untuk file PDF teks khutbah Idul Fitri dalam bahasa Jawa bisa di-download melalui link ini.

(Tribunnews.com/Sri Juliati)

Dapatkan Berita Pilihan
di WhatsApp Anda
Klik Di Sini!

Berita Populer

Berita Terkini